Selasa, 07 September 2010

SALAM KAGEM KANG MAS JUMADIL KUBRO

{Sukmo sejati winarah ingatase jagat}..ALLAH kuwi siji-sijine guru sejati manungso. Batin manungso kudu madep,mantep lan jejeg manembah marang Pangeran. Batin manungso kudu di luruske,diarahke lan di pasrahke tanpo kenal wayah lan wektu marang Gusti, mbuh kuwi pas wayah ngadek, wayah lungguh,turu,melaku,wayah awan,wayah rino lan wengi batin kito kudu terus manembah lan mamuji Gusti Pangeran. Batin kang tansah ngucap HU ALLAH ing saben nafas. Mlebuni nafas HU metune nafas ALLAH ..kanti laku pasrah cipto, roso lan kroso dening Gusti YO kui sing diarani SHOLAT DHAIM. Kabeh mau kudu dibarengi kalian tumindak sing becik ojo ngnti tumindak sing gawe wong ciloko

Tidak ada komentar:

Posting Komentar