Minggu, 28 November 2010

DZIKIR BATIN, DZIKIR KANG LINUWIH

ASSALAMUALAIKUM WR,WB

SALAM ROSO SEJATI.

Mugi mugi panjenengan diparingi Keselametan lan rochmatipun Allah lan barokahipun Allah. Dzikir meniko manembah Dumateng gusti lumantar nyebut asmonipun Allah .Ngantos nyumerepi makno lan maksudipun asmo ingkang diucapke. Gunanipun , dadosake tuwuhipun rasa ayem tentrem ing urip. Nuwuhake sifat sifat kabecikan ing ndalem atinipun manungso lan gawe sirno sifat olo ing jero atinipun manungso. Dzikir saget dadi dalan kanggo nyedhak dumateng Gusti Sesembahanipun manungso sak jagat. Sopo ingkang eling dumateng gusti. Gusti bakal eling marang siro. Tulisan ingsun mboten pas sinebut piwulang.

Tulisan niki mung salah setunggale Coro ingsun manembah dumateng gusti. Tanpo restunipun gusti tulisan niki mboten bakal dados.Tanpo pitulunge gusti panjengan mboten bakal saget maos tulisan meniko. Tutur tinular kabecikan niku tumindak ingkang ditresnani dateng Gusti kawulo. Mugi mugi sedoyo dipun paringi welas asihipun gusti Matur nuwun

1 komentar:

  1. Kalimat dzikir yg paling menyentuh teng ati niku dzikir nopo seng di lakoni

    BalasHapus