Minggu, 28 November 2010

WINARAH KANG SEJATI

La illaha ilallah

SALAM ROSO INGKANG SEJATI PORO SEDULUR

Gusti kawulo pangeran ingkang sejati Allah ta'ala , ingkang gadhah asmo cacahipun sangang puluh songo meniko inggih Gusti kawulo Sanghyang wenang meniko Allah ta'alla. Sanghyang tunggal meniko Allah ta'ala Gusti kawulo wonten ing pundi pundi sedoyo alam lan mahluk damelanipun gusti kawulo, pramilo ingsun yakin lahir lan batos.

Gusti ingkang kawulo sembah mung satunggal wiwit manungso dhereng wonten wujudipun ngantos babonipun sedoyo manungso dicipto lan tumurun ing donyo. ing jaman rumiyin ngantos jaman sak niki kawolo tasih emut sumpah kawulo naliko badhe mlebet wonten mahluk jabang bayi ing alam rachim ibu sejatine pangeran ingsun iku Allah Gusti ingkang sejati. pramila ingsun badhe ngucap sumpah ingkang sami : la illaha ilallah”. sabdo panjenegan tumurun ing alam manungso ngliwati dalan manungso ingkang suci kasebut nabi lan rosul. sampun kathah nabi lan rosul ingkang tumurun. meniko dadi paweling kagem manungso ing donyo supados eling dumateng panjenengan lan nethepi kewajibanipun manungso dadi wakilipun panjenengan. wakil ingkang nulodho sifat sifatipun panjenengan.

Panjenengan gurunipun manungso. panjenegan paring piwulang dumateng suku suku lan bangsa bangsa lumantar wakilipun panjengan para malaikat lan para manungso utomo. amargi jaman sak niki sampun mboten wonten nabi lan rosul. nanging wontenipun piwulang saking nabi lan rosul ingkang sampun tilar donyo. lan para muritipun nabi lan rosul nguri uri piwulang meniko ngantos wujud sabdo ingkang tinulis..nanging jaman sak niki kathah manungso ingkang gadhah sifat olo. nuruti howo nisto lan sifat dur angkoro warisanipun para rosul lan nabi dipun reko doyo manut olah ciptonipun manungso. piwulangipun Gusti sampun owah dadi piwulangipun manungso pribadi .sabdo lan asmonipun panjenengan dipun dol kanggo nuruti howo nafsu kadonyan. mulo kathah manungso seneng perang seneng padu lan tumindak olo. bumi dadi ilang kaberkahanipun manungsa dadi lali marang kewajibane.

Pramilo ingsun nyuwun pitulungipun panjengan nyuwun dituntun menetepi dalan ingkang padhang dalanipun manungso ingkang panjengan paringi pangestu slamet lahir batos menetepi kewajibane ing alam donyo mboten wonten ingkang kawulo sembah kebojo panjengan. ingsun yakin menawi rosul lan nabi ingkang panjenengan paringi piwulang suci sedoyo meniko manungso utomo dadi tulodhone manungso ing alam donyo. namung ugi panjenegan ingkang mangertos pundi ingkang aran piwulang sejati lan pundi ingkang aran piwulang ngapusi. pramilo ingsun nyuwun sinar ilmu saking panjengan manjing ing kalbu kawulo dadi damarjati kangge sangu mlampah. mugi mugi dipun ijabahi.

MATUR NUWUN

Tidak ada komentar:

Posting Komentar